________________________________________

Rabu, 30 September 2009

Sifat Wajibe Gusti Allah swt

Minangka wong mukmin, awake dewe kudu (wajib) ngimani yen gusti Allah swt iku bener-bener ana. Keimanan sing bener yen isoh cocok antarane ati, omongan lan tumindak. Keimanan anane gusti Allah swt lagi bener yang tumindake conto marang nabine, yaiku kanjeng nabi Muhammad saw. Kena ngapa kudu conto kanjeng nabi Muhammad saw ? Amarga kanjeng nabi Muhammad saw mana siji-sijine menungsa sing paling mengerteni apa siang dikersakake gusti Allah swt kanggo kawulane. Gegandengan karo kuwi, minangka wong mukmin, kudu percaya sifat wajibe gusti Allah swt.
1. Wujud
2. Qidam
3. Baqa
4. Mukhalafatu lil hawadis
5. qiyamuhu bi nafsih
6. Wahdaniyah
7. Qudrat
8. Iradat
9. Ilmu
10. Hayat
11. Sama
12. Bashar
13. Kalam

Iman

Menawa ana wong ngrasuk agama, perkara sing kudu diwiwite luwih disik yaiku "Iman". Lha terus iman kuwi apa ? Iman kuwi tegese percaya, ning beda karo percaya-percaya sing dingerteni dening umum. Iman diarani pener lan bener syarate ana telu : siji, mantep ana ing njero ati (dada), loro dikedalake ana lesane (tutuke), lan sing ketelu dikatonake kanti tumindak.
Yen tetelune kuwi isoh manggon ana ing sawijining uwong, lah uwong mau lagi kena disebut duweni keimanan. Yen syarat sing diugemi kurang saka telu, iku dudu iman, mbuh jenenge apa aku dewe ora ngerti, marga pancen ora perlu diwenehi jeneng.
Contoh:
1. Ana wong ngaku iman marang gusti Allah swt, ning wong mau ora nindakake sholat, utawa ora pasa ing wulan ramadhan, wong mau ora termasuk wong beriman.
2.

Katresnan

Menapa ta katresnan menika ? Lan dateng pundi kula lan panjenengan sami menawi pingin gesang kita menika kebak katresnan ? Nuwun sewu, ... kula piyambak ugi mboten mangertosi, ewa semanten menawi panjenengan kersa nglonggaraken wekdal mau seratan kula menika, kula ugi mboten kawratan, malah kepara remen.
Lajeng kemawon kula wiwite.
Katresnan ingkang manggen wonten ing tiyang kakung dumateng tiyang putri (ingkang sanes muhrimipun) ingkang dipun wiwite jalaran kepanggih lan mirsani benten kaliyan katresnan ingkang manggen wonten ing tiyang kakung dumateng tiyang sepuh utawi anakkipun. Menika ugi dipun raosaken dening piyantun putri menawi dhawahaken katresnan dateng tiyang kakung ingkang sanes muhrimipun. Ingkang disebut sebat muhrim inggih menika tiyang taksih sederek lan mboten pareng dipun nikahi. Umpaminipun kamas kaliyan adikipun kandung, menika muhrim.