Menawa ana wong ngrasuk agama, perkara sing kudu diwiwite luwih disik yaiku "Iman". Lha terus iman kuwi apa ? Iman kuwi tegese percaya, ning beda karo percaya-percaya sing dingerteni dening umum. Iman diarani pener lan bener syarate ana telu : siji, mantep ana ing njero ati (dada), loro dikedalake ana lesane (tutuke), lan sing ketelu dikatonake kanti tumindak.
Yen tetelune kuwi isoh manggon ana ing sawijining uwong, lah uwong mau lagi kena disebut duweni keimanan. Yen syarat sing diugemi kurang saka telu, iku dudu iman, mbuh jenenge apa aku dewe ora ngerti, marga pancen ora perlu diwenehi jeneng.
Contoh:
1. Ana wong ngaku iman marang gusti Allah swt, ning wong mau ora nindakake sholat, utawa ora pasa ing wulan ramadhan, wong mau ora termasuk wong beriman.
2.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar