________________________________________

Rabu, 30 September 2009

Katresnan

Menapa ta katresnan menika ? Lan dateng pundi kula lan panjenengan sami menawi pingin gesang kita menika kebak katresnan ? Nuwun sewu, ... kula piyambak ugi mboten mangertosi, ewa semanten menawi panjenengan kersa nglonggaraken wekdal mau seratan kula menika, kula ugi mboten kawratan, malah kepara remen.
Lajeng kemawon kula wiwite.
Katresnan ingkang manggen wonten ing tiyang kakung dumateng tiyang putri (ingkang sanes muhrimipun) ingkang dipun wiwite jalaran kepanggih lan mirsani benten kaliyan katresnan ingkang manggen wonten ing tiyang kakung dumateng tiyang sepuh utawi anakkipun. Menika ugi dipun raosaken dening piyantun putri menawi dhawahaken katresnan dateng tiyang kakung ingkang sanes muhrimipun. Ingkang disebut sebat muhrim inggih menika tiyang taksih sederek lan mboten pareng dipun nikahi. Umpaminipun kamas kaliyan adikipun kandung, menika muhrim.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar